Lirik ASMARADANA Aja Turu Sore Kaki

 

Lirik ASMARADANA Aja Turu Sore Kaki

Aja turu sore kaki

Ono dewa nglanglang jagad

Nyangking bokor kencanane

Isine donga katulak

Sandang kalawan pangan

Ya iku bageyan ipun

Wong melek sabar narimo


Ingkang bisa nemu iki

Nora saben sok uwong0

Kudu ono pilihane

Kang weruh lakune jaman

Eling kanthi waspada

Ttindhak luwajuh lan jujur

Ingkang antuk kamurahan


A wyo sira banjur wedi

Samar nora panduman

Eling-o marang kodrat-e

Pangeran luwih kuwasa

Adil tampa upama

Sapa ngestok-ena dhawuh

Sayekti antuk nugraha


Nugraha nira Hyang widhi

Tan kena kinira-nira

Marga sewu dedalane

Yogya den sabar darana

Ojo keseso-sesa

Grusa-grusu narung binuh

Ngusak-e tancep-ing tekad


Nugraha nira Hyang Widhi

Ingkang katrap ing kawula

Waras seneng sak murwate

Drajat nama wang barang

Ngelmu tuwin kawignyan

Jurung wars seneng-ipun

Nugraha kurang utama

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SANDIWARA RADIO TUTUR TINULAR

BIOGRAFI KI H ANOM SUROTO

LAKON WAYANG KULIT Wahyu Cakraningrat